-

About

javascript:void(0)

Sabtu, 04 Februari 2012

AL - FATIHAH. ( JAWA )

AL FAATIHAH ( BEBUKA )
Surat kaping 1 : 7 ayat
( Tumuruning wahyu ana ing Mekkah, tumurun sawuse surat Al-Muddatstsir )

Bahasa Arab :
1. Bismillaahir rohmaanir rohiim
2. Alhamdu lillaahi robbil ‘aalamiin
3. Arrohmaanir rohiim
4. Maaliki yaumid diin
5. Iyyaaka na’budu wa iyyaaka nasta’iin
6. Ihdinash shiroothol mustaqiim
7. Shiroothol ladziina an’amta ‘alayhim, ghoiril maghdhuubi ‘ alayhim waladh dhool-liin

Bahasa Jawa :
1. Kalawan asma Alloh kang Maha Murah ugi Maha Asih.
2. Kabeh pangalembana kagunganing Alloh Pangeran,
    Sesembahaning ‘ alam jagad-rat pramudita.
3. Kang Maha Murah Maha Asih.
4. Kang Ngratoni ing dina Piwelas.
5. Namung dhumateng Paduka piyambak kita sami menembah ‘ ibadah,
    saha namung dhumateng Paduka piyambak kita sami anyenyadhong pitulungan.

6. Dhuh Gusti Alloh, mugi Paduka paring pitedah ing kita sadaya lumampah wonten
     ing margi ingkang leres.

7. Inggih punika margi, Agaminipun para tetiyang ingkang sampun Paduka paringi kani’matan,
    sanes ingkang sami kabendon, tuwin sanes ingkang sami sasar.

Isi maksud ingkang wigatos ing Surat Al-Faatihah :
Intisari saking isinipun Al-Quraan punika sampun kaweca pokok-pokok ingkang
fundamentil wonten salebeting Surat Al Faatihah, kados kasebut ing ngandhap punika :

1.      Bab ‘aqoid utawi kaimanan ; punika kuwajiban ingkang wiwitan kaampil,
ingkang dipun da’wahaken dening junjungan kita Nabi Muhammad SAW,
makaten ugi dening para andika Rosul saderengipun. Ingkang baku inggih punika
‘aqidah-tauhid ( memundhi saha mangeran namung dhumateng Panjenanganipun Alloh
piyambak )
‘Aqidah-tauhid wau dados jejering piwucal Agami, sadaya para andika Nabi
Utusaning Alloh kautus ngampil tugas-pokok mbangun Tauhid ing Alloh,
sarta ngrebahaken sadaya kamusyrikan, ugi ngajak Ummatipun supados samia
‘ibadah ( manembah ) ing Alloh piyambak, lan nilar sadaya brahalanipun.

2.       ‘Ibadah ; utawi ngumawula lan manembah ing Alloh, ingkang kuwajiban sadaya titah,
             langkung-langkung manungsa ( sabab manungsa punika makhluk ingkang saged
             damel kabudayan wonten ing ‘ alam donya ).
             Ingkang baku wonten sekawan, inggih punika : Sholat, Zakat, Shiyam lan kesah Haji.
             Saking ingkang baku kasebut, lajeng tuwuh ‘ibadah memuji, ndedonga,
             dzikir lan tafakkur utawi I’tikaf ing masjid.
             Saking zakat lajeng tuwuh ‘ ibadah qurban sidqoh, wewehe lan tetulung ing sasaminipun,
             lan saking Shiyam tuwuh watak Wira’i (mboten ndremis lan mboten kathah sesambat )
            sumingkir saking ingkang nama lelangkungan ( gesang prasaja ).
            Lajeng saking Haji tuwuh semangat ambelani sarta labuh ing agami.   

3.      Angger- angger Hukum lan Pernatan- pernatan : maksudipun Syari’at Islam damel
angger-angger hukum lan pranatan punika kangge karaharjaning ummat manungsa
ing Donya dumugi ing Akheratipun.
Pramila ing salebeting Qur’an ngemot pinten-pinten norma lan katamtuwan,
upami hukum, politik, tatanagari, sosial, ekonomi, perang, dahme,
sesambetan internasional, kabudayan sarta kesenian, agami,
sesambetaning manungsa kaliyan Alloh, lan lingkungan sapiturutipun.

4.      Janji sarta ancaman : artosipun supados ngadeg keadilan lan keleresan ingkang saestu,
sanajan wonten Donya saged lolos saking hukuman, nanging wonten ngarsaning Alloh
ing dinten Qiyamat tantu mboten saged lolos malih.

5.      Sejarah : maksudipun ingkang saged dados tepa-palupi ing salebeting sesrawungan
ummat manungsa, sampun ngantos damel sejarah awon,
gesang sapisan wonten ing ‘ alam Donya.

0 komentar:

Posting Komentar